SESORAH BAHASA JAWA

Share:

Contoh Seseorah Dalam Bahasa Jawa


Hasil gambar untuk PIDATO



Assalamualaikum Wr.Wb
Puji syukur tansah konjuk wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan ingkang tanpa kendhat awujud kasarasan,rahmat saha hidayah dhumateng kulo panjenengan sami ing wekdalmeniko.Pramila awit saking sih nugrahaning Gusti ingkang hakarya jagat kulo panjenengan sami saged kempal saperlu ngrawuhi adicara pengetan dinten Maulid Nabi ing kalenggahan menika kanti wilujeng nir ing sambekala.
   Ingkang kinurmatan sesepuh saha pini sepuh lan dhumateng Ibu Dukuh Dusun Kasuran ingkang kita taati printahipun lan sedoyo hadirin ingkang kawulo hormati.Salajengipun,kulo aturaken  sugeng rawuh wonten acara pengetan dinten Maulid Nabi ing ndalu meniko.Lan kulo ngaturaken panuwun dhateng Bapak Ibu warga masyarakat Dusun Kasuran Margomulyo Seyegan ing mriki,awit panjenengan sedaya sampun kersa paring pisumbang awujud menpa kemawon penggalihanipun,dana,tenaga,ingkang sedaya saged damelregeng saha rancangipun adicara pengetan dinten Maulid Nabi ing ndalu menika.Boten kesupen atur panuwun tumuju dateng para mudha mudhi karang taruna ing Dusun Kasuran ingkang sampun kanthi rila legawaning manah,saiyeg saeka kapti,makaryo sesarengan saengga saged mujudaken acara pengetan dinten Maulid Nabi ingkang dados pengajian tumrape para warga sedoyo.
   Para Bapak Ibu lan tamu undangan ingkang kulo hormati,ing ndalu meniko sedoyo umat Islam kabikak manahipun,kadhodhok jiwanipun,lan kagugah badanipun saperlu ngaji lan mengeti miyosipun kanjeng Nabi Muhammad SAW,utawa ingkang limrah dipunsebat Maulid Nabi.
   Kados sampun sebataken dening pranatacara,bilih kulo minangka makili saking sagenep panitia tansah nyuwun aguning samodra pangaksami,awit kulo hangrumaosi bilih anggenipun hangaturaket papan palenggahan saha samukawisipun kirang mranani dumateng manah panjenengan sedaya.
   Sakderengipun acara pengetan dinten Maulid Nabi kawiwitan ing ngarsa panjenengan sedoyo sampun wonten unjukan saha dhaharan.Monggo kulo aturi ngunjuk saha dhahar kanti prayogi.
   Mbok menawi cekap semanten ingkang dados atur kulo wonten ing acara punika,kirangin basa kulo tansah nyuwun sih aguning pangaksami,purnaning atur Wabillahi Taufiq Wal Hidayah,Wassalamualaikum Wr.Wb

No comments